Pacelathon Bahasa Jawa Tema Sekolahan


PACELATHON BAHASA JAWA TEMA SEKOLAHAN.
“SIMBAH LAN BONDAN”
Simbah ;Ngger,sing sregep,ya anggonmu sinau.Aku mung bisa ndedonga, muga-muga olehmu sinau lancar. Ing tembe burine bisa dadi wong pinter,utama,lan bisa makarya.
Bondan;Inggih,mbah.Mugi-mugi mekanten.Boten sanes ingkang wayah tansah nyuwun berkah saha nyuwun pangestu.
Simbah;Lha,cita-citamu kepriye?Koe pengen dadi apa?
Bondan;menawi saged kula kepingin dados dhokter.
Simbah;wah,apik banget kuwi.Muga-muga cita-citamu bisa kesembadan.kuwi lho nok, idham-idhamane anakmu lanang.mestine koe rak,ya bisa ngragadi tha?
Ibu;Dipunpangestoni kemawon,mugi-mugi Gusti Allah tansah paring berkah.
Simbah;Iya dak rewangi nyenyuwun.muga-muga bisa kelaksanaan kang dadi cita-citane.
Di tulis saka Buku Jawara ingkang diketik karo Alfisyah danang mahendra

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

Contoh Geguritan Bahasa Jawa



Contoh Geguritan Bahasa Jawa

1. Contoh Geguritan Puisi Bahasa Jawa berjudul Petenging Wengi

Sumribit angin ngelus langit sore
Manuk sriti bali ing pucuking cemara
Nganti tekaning wengi sing nyenyet
Gawang-gawang katon pasuryanmu

Gawe tambah kekesing angin sore
Tumlawung rasa kang ngulandara
Wengi bakal tumeka maneh
Bareng karo wewayanganmu
Kang bakal ngebaki impen petenging wengi

Lumaku turut petenging lurung
Bakal gawang-gawang campur mega-mega
Apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

2. Contoh Geguritan Puisi Bahasa Jawa berjudul Lintang-lintang


Lintang-lintang abyor ing tawang
Cumlorot sliweran nalika alihan
Kumleyang mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

Lintang-lintang alihan
Cumlorot telu ana pundhakku
Kawitan lintang abang lintang perang
Kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

3. Contoh Geguritan Puisi Bahasa Jawa berjudul Sedyaku
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
Nyelehake pangarep-arepku
Marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
Yen nyatane amung semene
Cunthele lelakonku…

Pepenginku tansah sumandhing
Lan nresnani sliramu
Kudu dakprunggel
Sing luwih wigati, Jeng
Donga lan pengestumu wae
Tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
Aku pamit
Becik njembarake pikir
Nggayuh kabegjan
Mring ati lan katresnan satuhu
Tan ora binagi ing liyan
Sempurna ing guritan siji…

4. Contoh Geguritan Puisi Bahasa Jawa Berjudul Wayah Esuk Pedut Angendanu

Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
Saklawase ora nate ketemu
Saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
Ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
Ana cerita rinajut endah

Dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana nduwur kae
Ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
Simpenen kangenmu ana impen

5. Contoh Geguritan Puisi Bahasa Jawa Berjudul Pedang Bakal Tumeka

Angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
Mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
Bumi kang kapidak kebak sinengker
Anggawa ganda bacin
Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sor
Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
Pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
Kanggo kita sami jalma manungsa
Kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
Amadhangi sakendhenging jagat raya
Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
Mmangestu nampi pepadhang

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS