Contoh Pacelathon Bahasa Jawa 3 Orang



Contoh Pacelathon bahasa jawa 3 orang
 
Energi Listrik
Paimaridya: “Mas,mbok aku diajari nggarap tugas!.”
Paijony      : “Aku lagi repot kok Dhik. Nko bengi wae yen uwis sela.”
Paimaridya: ”Repot apa? Padune ora gelem ta, wong tugasku sesuk kudu dikumpulake.”
Paijony      : “koe kui ora percaya aku di dhawuhi ibu, tumbas lampu neon. Kamangka ndadak                     neng toko sanding pasar kae, trus engko iseh ndadak masang lampu, dadi ora isa saiki, ngerti rak..?!.”
Ibu             : “ana apa ta kok do ribut wae?.”
Paimaridya: “Punika lho bu mas Paijony kula suwun ngajari tugas boten purun. Malah alesan criyosipun nembe repot dipunutus ibu?”
Ibu             : “Iya bener, ibu dhawuh ngganti lampu neon sing mati, nanging sadurunge tukune neng toko pijar cedak pasar kana.”
Paijony      : “Krungu dhewe
ta dhik, dikandani kok ngeyel !!!”
Paimaridya: “Lha ingkang ngajari tugas kula sinten bu?”
Ibu             : “Tugasa apa ta dya, yen ibu bisa dak bantu nanging yen ora bisa ben diajari mas Paijony.”
Paimaridya: “Lho Mas didhawuhi ta, dikandhani ngeyel”
Ibu             : “Malah eyel-eyelan, kana enggal di jupuk buku tugase!!!”
Paijony      : “Nuwun sewu, mangke ibu kemawon Ingkang ngajari dhik dya, kula badhe bidhal sapunika”
Ibu             : “Ya, Mangkata saiki supaya ora kewengen mulihe!”
Paijony      : “Inggih Bu...”
Ibu             : “Dya,Ridya. Bukune gawanen rene wae!”
Paimaridya: “Inggih bu,punapa kula dereng ngertos werni-werni ewh-ewahan energi listrik dhateng energi sanes.”
Ibu             : “Walah,kowe saben dina weruh listrik murub,ibu nyertika,nonton TV, Kipas angin Mubeng kabeh iku bukti owah-owahan energi listrik. Kabeh mau wis di jletrehke ning buku Kaca 27 iki!”
Paimaridya: “Inggih bu, o inggih sedaya wontwn ngriki.Matur Nuwun bu”.
Ibu             : “Kowe iku pancen kesed maca lan nggoleki, lagi yen ora bisa takon.aja lali mengko matura Mas Paijony yen wis bisa!”
Paimaridya:”hehe...Nggih bu.”
Kapetik saka buku: Sinau Basa Jawa Kanggo Kelas 

Artikel Terkait :

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

1 Response to "Contoh Pacelathon Bahasa Jawa 3 Orang"

  1. micle says:
    November 27, 2013

    josssss

Post a Comment